my Translate

Selasa, 26 Maret 2013

Pranatacara Basa Jawa: Supitan


ayaayyy.. mau bagi-bagi aja nih, pranatacara yg barusan aku pake buat ujian praktek. Udah almost perfect soalnya udah dikoreksi gurunya langsung. Bukan pranatacara asli bikinanku sih, dari blog lain tapi lupa, maaf ya dan makasih^^ yaudah gk usah panjang lebar ini dia cekidot~



PRANATACARA: Supitan

Assalamu’alaikum wr.wb.
Nyuwun sewu, dhumateng panjenenganipun Bapak Dodi minangka ketua RT 29 ingkang tuhu kinurmatan, para pinisepuh saha sesepuh saha sedaya tamu undangan ingkang winantu ing suka basuki.
            Para Rawuh ingkang tuhhu kinurmatan sadherengipun mangga panjenenganipun  ngaturaken  raos puji syukur kula lan panjenengan sedaya dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun dhumateng kula lan panjenengan sedaya saged rawuh wonten ing acara syukuran khitananipun putra bapak saha ibu Sudibyo ingkang asma adik Hassan, kanti boten wonten alangan satunggal menapa. Boten kesupen Shalawat sarta salam mangga kula lan panjenengan aturaken dhumateng Rasulullah SAW ingkang dipuntengga-tengga syafa’atipun wonten ing Yaumul Qiyamah.
            Sakdherengipun acara kawiwitan, keparenga kula badhe maosaken reruncening acara ing wekdal menika, acara kaping setunggal inggih menika pambuka, kaping kalihipun pambagyaharja, kaping tiga  inggih menika pangayubagya, kaping sekawan inggih menika ular-ular, kaping gangsal inggih menika panutup, para rawuh sedaya menika wau reruncening acara syukuran khitanan ing wekdal menika.
            Para Rawuh ingkang satuhu kinurmatan, mangga acara menika dipun wiwiti sesarengan kanthiwaosan Basmallah, sumangga
~Bismillahirrahmanirrahim~
            Para Rawuh ingkang tuhu kinurmatan, acara salajengipun inggih menika pambagyaharja saking kaluwarga ingkang badhe dipunsesulih dhumateng Bapak Sudibyo, dhumateng Bapak Sudibyo kula sumanngakaken.
~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~
            Matur nuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Sudibyo, mekaten wau pambagyaharja saking pihak kaluwarga  adik Hassan. Ngancik acara salajengipun inggih menika atur pangayubagya saking para rawuh sedaya ingkang badhe dipunsesulih dhumateng Bapak Dodi minangka Ketua RT 29, dhumateng Bapak Dodi kula sumanggakaken.
~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~
            Matur nuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Ketua RT 29, mekaten wau pangayubagya ingkang dipunsesulih saking para rawuh. Lumampah acara salajengipun inggih menika ular-ular, ingkang badhe dipun isi dhumateng Ustad Sholeh, dhumateng Ustad Sholeh kula sumanngakaken.
~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~
            Matur nuwun dhumateng panjenenganipun Ustad Sholeh, mekaten wau mugi-mugi saged migunani dhumateng adik Hassan mliginipun sumrampahipun kula lan panjenengan sedaya.
            Acara salajengipun inggih menika panutup. Ananging saderengipun acara dipuntutup kula pranatacara wonten acara mriki anggen kula nglantaraken acara menika kathah kekiranganipun kathah bab-bab ingkang boten mranani wonten ing penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun agunging pangapunten, matur nuwun. Mangga acara kit tutup kanthi waosan Hamdallah kanthi sesarengna, umangga
~Alhamdulillahirrabil’allamin~
Cekap semanten atur kula
-      Kupat lepat taline janur
-      Masang puluting dhuwur cemara
-      Lepat luput tetepa dari sedulur
-      Menawi luput nyuwun ngapura
Wassalamu’alaikum wr. wb.

Jumat, 01 Maret 2013

Pendek dan Bangga

Sesuai dengan nama blog ini yang semula PENDEK dan BANGGA, saya bertujuan untuk menjunjung tinggi derajat orang2 yang masih dalam masa pertumbuhan (alias pendek) agar PeDe dan pastinyaaaaaa.. BANGGA
Buat kalian yg punya masalah tinggi badan (kayak saya) jangan takut, jadikan kekurangan kalian sebagai kelebihan kalian. Karena pendek adalah anugerah ALLAH SWT 
So.. buat kalian terus BANGGA yaa.. mau pendek-tinggi, kurus-gendut, item-putih dan seterusnyaa jangan terpuruk pada apa yg kalian rasa kekurangan dan sangat memalukan, karena di dunia ini terutama di blog ini semua SAMA :D WELCOME TO MY BLOG :D

Rabu, 06 Februari 2013

Jar of Heart (biola ver)

lagi booming nih lagu.. jar of heart. tauuu gak?? lagunya Christina Perri yg udah di cover banyak orang di bumi ini. Tau Maddie Jane?? dia juga ngoverin lagu ini lohh.. tapi bukan cover Maddie Jane yg mau saya share, ini cover lagu jar of heart versi biola, oleh seorang pemain biola asal KOREA SELATAN. Mau tau gimana jadinya?? bisa didownload dari 4shared ini linknya.. check it out !!
download