ayaayyy.. mau bagi-bagi aja nih,
pranatacara yg barusan aku pake buat ujian praktek. Udah almost perfect soalnya
udah dikoreksi gurunya langsung. Bukan pranatacara asli bikinanku sih, dari
blog lain tapi lupa, maaf ya dan makasih^^ yaudah gk usah panjang lebar ini dia
cekidot~
PRANATACARA: Supitan
Assalamu’alaikum
wr.wb.
Nyuwun sewu, dhumateng panjenenganipun
Bapak Dodi minangka ketua RT 29 ingkang tuhu kinurmatan, para pinisepuh saha
sesepuh saha sedaya tamu undangan ingkang winantu ing suka basuki.
Para Rawuh ingkang tuhhu kinurmatan
sadherengipun mangga panjenenganipun ngaturaken
raos puji syukur kula lan panjenengan sedaya dhumateng Gusti Allah SWT
ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun dhumateng kula lan panjenengan
sedaya saged rawuh wonten ing acara syukuran khitananipun putra bapak saha ibu
Sudibyo ingkang asma adik Hassan, kanti boten wonten alangan satunggal menapa.
Boten kesupen Shalawat sarta salam mangga kula lan panjenengan aturaken
dhumateng Rasulullah SAW ingkang dipuntengga-tengga syafa’atipun wonten ing
Yaumul Qiyamah.
Sakdherengipun acara kawiwitan,
keparenga kula badhe maosaken reruncening acara ing wekdal menika, acara kaping
setunggal inggih menika pambuka, kaping kalihipun pambagyaharja, kaping
tiga inggih menika pangayubagya, kaping
sekawan inggih menika ular-ular, kaping gangsal inggih menika panutup, para
rawuh sedaya menika wau reruncening acara syukuran khitanan ing wekdal menika.
Para Rawuh ingkang satuhu
kinurmatan, mangga acara menika dipun wiwiti sesarengan kanthiwaosan Basmallah,
sumangga
~Bismillahirrahmanirrahim~
Para Rawuh ingkang tuhu kinurmatan,
acara salajengipun inggih menika pambagyaharja saking kaluwarga ingkang badhe
dipunsesulih dhumateng Bapak Sudibyo, dhumateng Bapak Sudibyo kula
sumanngakaken.
~ ~ ~ ~
~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~
Matur nuwun dhumateng
panjenenganipun Bapak Sudibyo, mekaten wau pambagyaharja saking pihak
kaluwarga adik Hassan. Ngancik acara salajengipun
inggih menika atur pangayubagya saking para rawuh sedaya ingkang badhe
dipunsesulih dhumateng Bapak Dodi minangka Ketua RT 29, dhumateng Bapak Dodi
kula sumanggakaken.
~ ~ ~ ~
~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~
Matur nuwun dhumateng
panjenenganipun Bapak Ketua RT 29, mekaten wau pangayubagya ingkang
dipunsesulih saking para rawuh. Lumampah acara salajengipun inggih menika
ular-ular, ingkang badhe dipun isi dhumateng Ustad Sholeh, dhumateng Ustad
Sholeh kula sumanngakaken.
~ ~ ~ ~
~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~ ~
Matur nuwun dhumateng
panjenenganipun Ustad Sholeh, mekaten wau mugi-mugi saged migunani dhumateng
adik Hassan mliginipun sumrampahipun kula lan panjenengan sedaya.
Acara salajengipun inggih menika
panutup. Ananging saderengipun acara dipuntutup kula pranatacara wonten acara
mriki anggen kula nglantaraken acara menika kathah kekiranganipun kathah
bab-bab ingkang boten mranani wonten ing penggalih panjenengan sedaya kula
nyuwun agunging pangapunten, matur nuwun. Mangga acara kit tutup kanthi waosan
Hamdallah kanthi sesarengna, umangga
~Alhamdulillahirrabil’allamin~
Cekap semanten atur kula
- Kupat lepat taline janur
- Masang puluting dhuwur cemara
- Lepat luput tetepa dari sedulur
- Menawi luput nyuwun ngapura
Wassalamu’alaikum wr. wb.